Disadur dari kumpulan humor suroboyoan (dunlut dari milist alumni) 🙂
Derek-derek sedoyo,
Pancene wis diakoni lek arek Suroboyo iku mbanyolan,gak ndhik omah,tandhang gawe utowo cangkruk. Lha banyolan iki asale yo seko ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo.
Cerito Khayal: Jin
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore witasem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget. ”Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,”jare jine. ”Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.”Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke. Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.”Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama,aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat ”Meremo dhiluk..”jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.”Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine. ”Saiki …. aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat. ”Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan. ”Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jine. Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, ”Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh”. Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang,pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu. . . 😀
Urip Bebojoan: Kaspo thok ! ! !
Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.”Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.” jare Sudjak ndhik bekas pacare.Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.”Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone mulai purik.”Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih” jare Sudjak.”Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu!!!” jare bojone Sudjak.Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh. ”Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!”
Urip Bebojoan: Bakul Bakwan
Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.”Aku ngimpi mbah Kakung mati …” jare anake.”Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak Srondhol.Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. ”Aku ngimpi mbah Putri mati….” jare anake.”Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh”jare cak Srondhol.Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhikjedhing, mati pisan.Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.”Aku mimpi bapakku mati… ” jare anake.”Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare cak Srondhol.Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu. Ketapketip,pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.”Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare cak Srondhol.”Iku lho Cak…. bakul bakwan langgananku mati….”
Wonokairun ambek Bunali: Y u y u
Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
”Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? ” takok Bunali.
”Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. ” jare Wonokairun.
”Lho kok isok ?” jare Bunali.
”Sing pertama mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun
”Lha sing kedua ?” takok Bunali
”Sing kedua mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun.
”Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan ” jare Bunalu kemeruh.
”Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.
”Lho opoko ?” takok Bunali.
”Soale gak gelem nguntal yuyu . . .”
Romlah: Kulit Mungsuh Kulit
Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anake iki waduh uwayune pol. Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune iki areke mbethik. Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon sembarang mesti gelem.Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de’e pembantu dadi Soleh gak wani nggudho langsung.Akhire Soleh oleh kesempatan….Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapake Romlah nyeluk Soleh tekok kamare, ”Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah cepetan”.”Iyo pak, tak jupukno” jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu Nang kamare Romlah ”Lah . . Romlah, aku dikongkon bapak ngesun pipimu” jare Soleh. Romlah kaget lan gak percoyo, ”Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak.”Soleh terus mbengok banter,” Pak..pak.. Romlah gak gelem pak.”Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,”Romlah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak.” Romlah terpaksa manut, terus pipine disun karo Soleh.Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang kamare Bapak, ”Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan,” jare Soleh. Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok Romlah Nangis, ”Lah.. Romlah awakmu opoko kok Nangis”. ”Aku mari diambung karo Soleh”, jare Romlah.”Opoo !!!” jare Bapake Romlah ngamuk, saking ngamuke sampek ngentut
duuut.”Leh … Soleh koen kok wani ngesun Romlah !!!”.”Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso kulit ” jare Soleh.Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh. Gak suwe ibuke Romlah mulih tekan pasar.Ibuke Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis. Bareng ngerti lek Romlah disun Soleh, Ibuke Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk terus digebekno nang raine Soleh.Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone.Mari ngono Bapake Romlah ngomong Nang Soleh, ”Leh . Soleh, iku lak cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae wis Nangis”.”Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! ” jare Soleh ambek nangis.
Romlah: Telulas
Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah melok gupuh kabeh. Ambek mboke Romlah ditakoki, ”Opoko awakmu iku, pencilakan koyok tandhak bedhes ?”
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang kabeh. Lambene njedhir getien.Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.
”Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas teng teng teng… telulas crek crek crek… telulas teng teng teng . . . terus ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip.Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok
opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter… telulas teng teng teng … telulas crek crek crek …terus ae. Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene. Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.
Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng teng… pat belas crek crek crek…pat belas teng teng teng”
Romlah: Mo Limo
Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek bapake Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.
Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh tatone. Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe antri mangan, Togog mulai oleh konco.
”Awakmu wong anyar yo ?” jare konco anyar iku.
”Iyo . . .” jare Togog.
”Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung,klambi dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu.” jare koncone Togog.
”Lho cik enake. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.
”Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling copetcopetan. Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.
Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?” jare Togog.
”Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara.Lha malem Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu dikongkon ngentekno bir limang botol”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku” jare Togog.
”Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu”, jare koncone Togog.
”Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok opo ?”, jare Togog.
”Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.Wis tah, pokoke aman.” jare koncone Togog.
”Wah sip lek ngono. Lha malem Jum’at acarane opo ? jare Togog.
”Awakmu homo tah dhudhuk ?” takon koncone Togog.
”Ngawur ae, aku iki normal rek !!! ” jare Togog.
”Wah berat iki cak ”, jare koncone Togog.
”Lho opoko masalae ? ” takon Togog.
”Soale malem Jum’at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ”.
Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
”Yo wis tak tukokno nang rolak” jare Muntiyadi.
”Lho gak numpak bronpit tah ?” takok Romlah.
”Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae” jare Muntiyadi.
Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo. Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
”Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?”takok Sablah. ”Kate nglencer golek angin . .” jare Muntiyadi.
”Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae” jare Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam. Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.”Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo .” jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek. Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol,kepitinge buyar kabeh. Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengokbengok
”Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki ” Krungu bojone bengokbengok, Romlah ambek muring-muring.
”Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . .”
SPG
Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.”Kulo nuwun. ” jare cewek iku ambek nyepot sandal.”Oo monggo, monggo pinarak. ”jare Wonokairun.
”Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?” takok ceweke.
”Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk ” jare Wonokairun.
”Yen ngoten, kulo ngerantos mawon ” jare ceweke maneh.
”Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk ” jare Wonokairun ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu. Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro.
Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sik lungguh nang ruang tamu.Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.”Ibu teng pundhi to Pak ?” takok cewek SPG iku.
”Bojoku lungo nang kuburan ndhuk” jare Wonokairun.
”Jam pinten mangke kondure ?” takok cewek iku maneh.
”Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih
Ndlahom
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu. Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan,waduh sempel wong iki pikire. Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.
”Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik” jare Muntiyadi ambek bengokbengok.
”Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro” jare Romlah.
”Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku” jare Muntiyadi emosi.
”Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak ” jare Romlah.
”Mulih tah gak !!!” jare Muntiyadi muntap.
”Gak gelem!! ” jare Romlah.
”Tak gibheng lho yo !!!” jare Muntiyadi.
”Rinio lho lek wani !!” jare Romlah. ”Oo… saking ae aku gak isok renang”
Kebon Semongko
Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sakjane Bunali weruh lek sing ndhodhok nang kebone ben isuk iku Wonokairun cumak gak wani nyeneni.
Akhire Bunali masang pengumuman sing tulisane ngene ”Ini kebunku, bukan WCmu !!!”.
Dhadhak tulisane onok sing ngganti ngene ”Ini pupukku, untuk kebunmu!!!”
Putus Cinta
Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki sir-siran.Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke. Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.
Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.”Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . .” jare Wiwik.
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.
Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
”Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan” jare Tatang.
”Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . .” jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.
Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.
Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang,jarene ono tilpun seko Wiwik.
Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.
”Halo . .” jare Tatang ndredeg.
”Iki Cak Tatang tah ? . .” jare Wiwik.
”Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . .” jare Tatang sik ndredeg.
”Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus ” jare Wiwik.
”Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambek aku, opo jare bapakmu ? ” takok Tatang.
”Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . .”
Foto
Mari kencan ambek pacare, Cak War kepingin rokokan.
Mari rogoh-rogoh celono, Cak War gak nemu koreke, terus takok pacare be’e ndhuwe korek.
”Koreke nang laci Cak. ” jare pacare Cak War.
Pas mbukak laci, tibake Cak War ndhelok onok fotone wong lanang dhempal brengosan.
Cak War langsung pucet wedhi kabeh.
”Lho dik, iki bojomu tah ? Cik sangare dik.” Cak War takon nang pacare.
”Huss . .ngawur ae . .” jare pacare.
”Tunanganmu tah . . ?” Cak War sik penasaran.
”Dhudhuk Cak, peno salah ” jare pacare ambek ngalem nang Cak War.
“Ooo paling iki masmu, wong irunge mirip.” Cak War mbedhek maneh.
“Dhudhuk Cak, peno salah maneh. “ jare pacare.
”Lek ngono sopo wong iki ?” Cak War tambah penasaran.
Pacare njaluk pangku ambek ngalem mari ngono lagek ngaku.
”Iku ngono fotoku dhewe sak durunge operasi kelamin . . ”
Hahahaha… mbuanyol pol….
Hihihi saia juga ngakak bacanya 😀