Disadur dari kumpulan humor suroboyoan (dunlut dari milist alumni) 🙂
Derek-derek sedoyo,
Pancene wis diakoni lek arek Suroboyo iku mbanyolan,gak ndhik omah,tandhang gawe utowo cangkruk. Lha banyolan iki asale yo seko ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo.
Cerito Khayal: Jin
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore witasem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget. ”Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,”jare jine. ”Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.”Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke. Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.”Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama,aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat ”Meremo dhiluk..”jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.”Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine. ”Saiki …. aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat. ”Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan. ”Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jine. Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, ”Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh”. Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang,pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu. . . 😀
Urip Bebojoan: Kaspo thok ! ! !
Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.”Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.” jare Sudjak ndhik bekas pacare.Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.”Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone mulai purik.”Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih” jare Sudjak.”Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu!!!” jare bojone Sudjak.Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh. ”Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!”
Urip Bebojoan: Bakul Bakwan
Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.”Aku ngimpi mbah Kakung mati …” jare anake.”Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak Srondhol.Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. ”Aku ngimpi mbah Putri mati….” jare anake.”Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh”jare cak Srondhol.Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhikjedhing, mati pisan.Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.”Aku mimpi bapakku mati… ” jare anake.”Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare cak Srondhol.Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu. Ketapketip,pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.”Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare cak Srondhol.”Iku lho Cak…. bakul bakwan langgananku mati….” Continue reading